Kamis, 02 Juni 2011

SYI'IRAN GUS DUR

أستغفر الله رب البرايا * أستغفر الله من الخطايا
رب زدني علما نافعا * ووفقني عملا صالحا
يا رسول الله سلام عليك * يا رفيع الشان و الدرج
عطفة يا جيرة العلم * يا أهيل الجود و الكرم
Ngawiti ingsun nglaras syi’iran
kelawan muji maring Pangeran
Kang paring rahmat lan kenikmatan
rina wengine tanpa pitungan

Duh bala kanca pria wanita
aja mung ngaji syariat blaka
Gur pinter ndongeng nulis lan maca
tembe mburine bakal sengsara

Akeh kang apal Quran haditse
seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe dak digate’ke
yen isih kotor ati akale

Gampang kabujuk nafsu angkara
ing pepahese gebyare ndunya
Iri lan meri sugihe tangga
mula atine peteng lan nista

Ayu sedulur ja ngelale-ake
wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelke Iman tauhide
baguse sangu mulya matine

Kang aran sholeh bagus atine
kerana mapan sari ngelmune
Laku thariqat lan ma’rifate
uga hakekat manjing rasane

Al-Quran qadim wahyu minulya
tanpa tinulis bisa diwaca
Iku wejangan guru waskita
den tencepake ing jero dada

Kumanthil ati lan pikiran
ngerasuk ing badan kabeh jeroan
Mu’jizat rasul dadi pedoman
minangka dalan manjinge iman

Kelawan Allah kang Maha Suci
kudu rangkulan rina lan wengi
Ditirikati diriyadhahi
zikir lan suluk ja nganthi lali

Uripe ayem rumangsa aman
dununge rasa tanda yen iman
Sabar narima najan pas-pasan
kabeh tinakdir saking Pengeran

Kelawan kanca dulur lan tangga
kang padha rukun aja dursila
Iku sunnahe rasul kang mulya
nabi Muhammad panutan kita

Ayo ngelakoni sekabehane
Allah kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor tata dhahire
ananging mulya maqam drajate

Lamun palastra ing pungkasane
ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Allah suwarga manggone
utuh mayite uga ulese

Tidak ada komentar: